..SELAMAT DATANG DI BLOG MUKHLIS FADLI..MARI KITA SHARE PENGALAMAN..

Rabu, 17 Mei 2017

WONG CILIK vs. WONG LICIK; Elegi “Wong Cilik"

WONG CILIK vs. WONG LICIK
Elegi  “Wong Cilik"

Oleh: Mukhlis Fadli


Sumber gambar: https://suara01.wordpress.com/2012/02/06/pks-siapkan-bidik-wong-cilik


Wong Cilik..

Mesakne uripmu mung ngge ancik-ancik

Makmurmu mati dadi korbane wong licik

Korban woro pencitraan ing TV kang munafik

Wong cilik..wong cilik..



Wong Licik..

Kowe uduk cantrik utawi wong kang becik..

Koncomu akeh ulo lan ki*ik

Rupomu kelinci jebule nyambek..

Wong cilik kowe anggep pitik..



Hey..  wong licik..!

Negoroku uduk negoro cilik

Kowe emang akeh bondo lan akeh duwek

Makmure ulo ojo mbok utak-atik

Sampek lali karo nasipe wong cilik



Ojo ndelik yo Wong Cilik..

Masiyo pangananmu mung telo lan entik

Ojo minder karo buto cakil kang mendelik

Senajan tangane malangkerik

Lurusno atimu ojo tiru wong kang munafik



Sabaro wong cilik..

Mumpung dinomu durung meletik

Elingmu ditambah karo Kang Moho Becik

Mugo-mugo pilihan uripmu ngesok luweh apik

Swargo tujuanmu sengsoromu mung ancik-ancik

Tidak ada komentar:

Posting Komentar